...........|| Friday, March 17, 2006 ||

Yen kelingan kutha Jogjakarta…..

“Pulang ke kotamu, ada setangkup haru dalam rindu, masih seperti dulu, tiap sudut menyapaku bersahabat,penuh selaksa makna……dumadakan aku kelingan lagune katon bagaskara, “Jogjakarta”. Kaya biasane yen krungu lagu iki, atiku kaya di dhodhok, ngudal-udal memori sing wis suwe tak kubur. Pikiranku nglembara adoh, nyebrang laut, bali mulih . Seko Malaysia, Indonesia, tekan kutho Jogjakarta.

Wis suwe banget rasane , aku ninggalake kutha ngayogyakarta, kutha sing dadi bagian uripku, kutho sing ora sithik ninggal kenangan kanggo aku. Yen ora kleru rampung aku lulus kuliah tahun 1997. Dadi yen dipikir-pikir wis kira-kira 9 tahunan. Kabeh tak tinggalke, cerita pahit manis jaman perkuliahan, warung maem jalan babarsari, malioboro, kanca-kanca rapetku…..semilir adem lan panase angin Jogja..

Alhamdulillah sasi Nopember 2005 wingi aku balik kampung. Mung wektu iku aku balik dhewe, bojoku ora melu, jadwale padet sibuk banget, ora iso dibatalke. Aku kepeksa bali dhewe sebab aku wis janji karo adik-adikku yen aku arep balik bubar lebaran. Yen aku ora sido bali mesti kabeh sedih ,mergane kabeh podho ngarep-arep baliku. Mestine yo kangen to, wong ora tau ketemu ,paling ngobrol lewat telpon opo sms-an thok. Apa maneh Ibuku wis ora ono, dipundhut Gusti Allah tahun 2002. Al fatehah kagem Ibunda. Tanpo Ibu ,ngomah mesti sansoyo sepi, mung ono Bapak, adik-adikku karo ponakan sing lucu-lucu.

Lagi rong dino neng ngomah, aku entuk sms soko kancaku Jogja, isine kon dolan rono, kangen jarene. Aku dhewe pancen rencanane arep ning jogja, arep dolan ning kos-kosanne adikku. Pancen kutho Jogja wis akeh sing berubah, sansoyo sesak, panas. Jamane wis bedo,biyen numpak bis kota mung RP250 kanggo mahasiswa, saiki wis mundhak dadi Rp1500-Rp2000. Opomeneh biaya maem ning kono, biyen sego lawuh RP.1000 wis mesthi enak, lawuhe kari milih,ayam,iwak opo daging wis komplit karo sayur.Sego goreng mung Rp.1500.Saiki kabeh wis mundhak, yo ora kaget wong wis 9 tahun. Nanging gaji yo tetep podho wae, rakyat isih sengsoro. saiki yen arep kuliah kudu siap ngetokke duit akeh. Opo maneh yen sekolah neng swasta, mumet..mumet…Yen dipikir mungkin saiki akeh banget lulusan SMU sing ora neruske kuliah mergo ora mampu nanggung biayane. Yen ngene mestine yo rakyat dadi soyo bodho. Wis lah yen crito bab sosial pancen ora ono entekke.

Cerita Jojga maneh, sore iku aku karo adikku mlaku-mlaku ning jalan solo. Hm..isih koyo biyen,..ning yo akeh perubahan, contone toko tas Elizabeth sing biyen cilik saiki wis malih ,saiki soyo gede, iki ora promosi lho! mlebu toko..wah..wah ono ‘sale’…opo meneh ,pilih-pilih njur dituku. trus ono toko busana muslim anyar. Aku sempat window shopping, biasalah cuci mata, nonton rego, wah regane kok yo, ngeri..larang-larang. Yen nurutke, aku pilih tuku neng solo wae, luwih murah,opo meneh neng pasar klewer, busana muslimahe apik-apik, tur murah-murah.Yen arep tuku kain neng klewer opo neng Beteng plaza, kuncine kudu pinter nawar rego. Ojo nganti kapusan lho…

Sesuke aku dolan neng malioboro,soko jalan solo numpak taksi mudhun perwakilan. Ning kene kawit biyen pancen sesak,padet susah banget arep nyabrang. Dino iku panas banget, age-age aku mlebu emperan malioboro mall. Wah ning ngarep pintu masuk ono satpam nggawa detector….tasnya di buka Mbak..Oke Bos..batinku..yo nurut wae lah, sopo ngerti nggowo bom…iso-iso geger malioboro…he..he..
Ee .. ternyata ora mung yen arep numpak pesawat dicek yo, jebule saiki ning mall-mall kok yo melu-melu dicek. Yo ora opo-opo, untuk meningkatkan keamanan,bagus..bagus… teruske wae Pak satpam!

Bar di deteksi ,oke ‘pass’ aku terus mlangkah mlebu Mall, cess…hm...lumayan adem..mubeng-mubeng sedilit terus adhikku ngajak maem neng food bazaar. Aku pesen siomay, ternyata rasane kurang sedap, yen ngerti mending mau tuku neng njobo wae. Mungkin regane luwih murah lagian mungkin luwih sedap. Bubar mbayar aku mudhun, tekan njobo rasane soyo panas, mungkin arep udan. Eh lah kok tenan,lagi dirasani wis katon udan rintik-rintik. Ndilalah kok yo ora ono sing nggowo payung.

Yo wis, rasane aku wis ora ono mood nggo mlaku-mlaku,lha wong udan, luwih becik bali wae. Opo meneh aku wis kesel, sirahku mumet margo kepanasen. Biasa ,aku mesti ngene ,ora tahan panas-panasan,yen kepanasen sirah rasane banjur nyut-nyutan, yen wis ngene jaluke yo terus istirahat, bobok manis gitu…
Adikku tak kongkon nyetop taksi. Bareng wis entuk enggal-enggal aku lan adikku mlebu….klitren Pakgo....Tekan kos-kosan ,bar ngombe sakcangkir teh anget aku terus bobok…ning njobo isih panas, ning aku wis nglembara ning alam impen…

Ah, Jogja, yo ben mung sedhilit aku nginguk kuthamu, nanging atiku wis marem, kangenku wis diobati. Mung njalukku, tetepo dadi kutha kang dikangeni, panggonan kanggo golek ilmu donya lan akhirat, ojo dadi panggonane wong golek maksiat.
Bye..bye..Jogja…April iki Insya Allah yen ora ono alangan aku arep bali maneh, ning sesuk aku ora dhewekan dikancani kangmasku, olehe ngatur jadwal wis suwe banget lho,alhamdulillah iso di selani.Tak coba nginguk kuthamu pisan engkas yo…ojo nesu…..entenono tekaku…..



 2 Comments:

At April 26, 2006 10:54 AM, Anonymous Anonymous said...

"Assalaamualikum Mbk Maisara, salam kenal dari saya, panggil saja saya Makteh. Saya orang Melayu jati tapi suami saya berketurunan Jawa. Saya seneng sekali terjumpa blognya Mbk Mai karena tulisanmu memberi perspektif yang seger karena latarbelakang anda jelas berbeda, iaitu seorang anak Jawa Jogja asli yang sekarang bermustautin di Alam Melayu. Mungkin saja saya silap, tapi saya selalu merasakan seperti adanya sesuatu yang kurang difahami orang Melayu mengenai orang Jawa; dan ada sesuatu yang kurang difahami orang Jawa mengenai orang Melayu. Kesannya ini kadang-kadang menimbulkan prasangka-prasangka yang boleh menjejaskan perhubungan baik yang seharusnya ada diantara dua bangsa yang serumpun ini. Celoteh-celoteh Mbk Mai yang bernada selamba/bersahaja itu, saya percaya boleh membantu mengurangkan, kalau tidak langsung menghapuskan salahfaham salahfaham ini. Dan Mbk Mai boleh memilih menggunakan salah satu atau ketiga-tiga bahasa yang memang sampeyan kuasai: Indonesia, Jawa atau Melayu. Udah April ni Mbk! Udah di Jogja ya. Selamat beranjangsana dan selamat bernostalgia. Ati-ati ya jangan sampe deket-deket Gunung Merapi yang katanya anytime aja sekarang ini bisa meletus (lagi!). Salam dari Makteh, Kuala Lumpur."

 
At April 27, 2006 6:20 PM, Anonymous Anonymous said...

"Waalaikumussalam..makteh..

terimaksih sudah mengunjungi blog saya. Dan juga pesan-pesannya yang Insya Allah akan saya coba ya, supaya 'kesalahpahaman 'itu berkurangan dan dapat dihapuskan. BTW apa yg menurut makteh 'masalah-masalah yang boleh menimbulkan buruk sangka atau kesalah fahaman itu' contohnya yang macam nmana ya...

Makteh ni macam orang indonesia ya, gaya penulisannya sudah lain, wis pinter ngomong jowo opo durung?..he..he..

Thanks matur nuwun..

Wassalamu'alaikum"

 

Post a Comment

<< Home